Lirik Nita Anjani – Kitir Sumilir

Angenku ngambara anembus mega
Ngetung lintang sesuluh padhang rembulan
Tak goleki ana ngendi si panjerina
Tak titipi kidung keketeging jantung

Lelungidan lung lungan kang rerambatan
Amusara sora angrangket jiwangga
Tak kirimi layang kitir tak sampirke angin sumilir
Pa ra kerasa sliramu tansah tak pikir

Rina wengi wewayangmu mbeda atiku
Singa tirta saumpama, kapan baya aku bisa
Nggegem lintang ngrangkul endahing rembulan

Aku samar kuwatir lamunta cabar
Sekar mekar ring ara ara kang cengkar
Ngelak kang tanpa upama nunggu tumetesing tirta
Kanggo nelesi lungka lungka ketiga

Leave a Comment

Your email address will not be published. Required fields are marked *

Scroll to Top