Sunar mbulan wayah dalu
Kalah endahe yen kalawan esemu
Solah slagamu kang lugu
Amimbuhi kapang jroning kalbuku
Bungah tan kuwawa aku
Tansah mbayangi pikirku
Esemu dadi jalaraning tresnaku
Puspita kang manis ayu
Parasmu dya lintang luku
Amung sira kang tak antu
Rina wengi nggugah kalbu
Asmara setya satuhu
Marang duh wong ayu
Nyata tresnaku
Tulus kanggo sliramu