Lirik Negoro Angin – Laila Ayu

Tak tampuh sawelas sewu kilometer nyusul awakmu
‎Sing nate janjimu mulih ning aku
‎Sakwise ngrampungke urusanmu

‎Tak tekad-tekadke masio ora tau ngalami adem
‎Minus siji mosok ora ditemoni
‎Nekatku mung pengin niliki

‎Kepisah benua negoro angin
‎Nggayoh tresnamu rasane wis ra mungkin
‎Wis bedo semenjak jarang teko
‎Tiyang sing mbiyen tak kenal dadi wong liyo

‎Reff:
‎Ternyata LDR pait tenan
‎Mboten saindah kembang tulip neng taman
‎Goblokku isih sayang awakmu
‎Ngertio ra sudi ngancani jaman susahmu

‎Isih kebayang-bayang, isih dadi kenangan
‎Bekas ambu rangkulanmu wangine isih ning atiku
‎Isih tak kangeni, isih tak tunggoni
‎Isih terus tak tangisi…uwooooooo
‎Isih tak kangeni, isih tak tangisi
‎Kenangan sing wingi
‎Mabur duwur melayang layang
‎terbang diatas awan
‎ingin melepas rindu sayang…

‎Kepisah benua negoro angin
‎Nggayoh tresnamu rasane wis ra mungkin
‎Wis bedo semenjak jarang teko
‎Tiyang sing mbiyen tak kenal dadi wong liyo
‎Ternyata LDR pait tenan
‎Mboten saindah kembang tulip neng taman
‎Goblokku isih sayang awakmu
‎Ngertio ra sudi ngancani jaman susahmu
‎Goblokku… isih sayang awakmu…

Leave a Comment

Your email address will not be published. Required fields are marked *

Scroll to Top