Lirik Ajeng Febria – Betah

Eh mas mriki lenggaho
Lenggah mriki
Opo nyongko hubungane bakal sedowo iki
Kadang bungah kadang susah
Akeh susahe naning syukur…. tetep betah

Udan grimis ngancani
Nyruput kopi
Nyambi mbayangke angen angen sing durung pasti
Dugi sepuh, tetep happy
Penting donga lan usaha mboten henti

Duh mas kang mas
Sepurane yen kula, tasih katah kurang tasih katah salah
Ampun gadah pikiran sing mboten mboten
Adek ten mriki janji bakal slalu onten

Aku pengen sampean iso selalu ngancani
Ngancani aku nang fase susah ning fase sepi
Tekan tuwo tekane ngadeg wes ora iso jejeg
Ra pengen liyane pengenku bebarengan slawase

Sayang….
Jiwo rogo iki sampun tak pasrahne ngge sliramu
Suwun purun nompo masalaluku

Sayang…
Aku iki sadar dudu sing terbaik ngge sliramu
Tapi aku ngeyel tetep nekad bersanding denganmu

Leave a Comment

Your email address will not be published. Required fields are marked *

Scroll to Top