Sumilir angin wengi
Nggegawa rasa
Lintang e wus sirna katutup mega
Ginambaring tresna
Kang katon ana ing netra
Sak iki wis sirna
Merga ketaton cerita
Nanging kowe ora mangerteni
Marang tresna kang tulus suci
Nalika tuwuh katresnan
Aku kowe sesandingan
Solah slagamu, katon endah sinawang
Kelingan mulih tanggapan
Turut ndalan bebarengan
Nanging sak iki, amung dadi kenangan
Rikala ndek jaman semana
Aku kowe ngrerujit nuwuhke tresna
Ning ngapa malah kesandung rubeda
Kowe malah sumanding wong liya
Nalika tuwuh katresnan
Aku kowe sesandingan
Solah slagamu, katon endah sinawang
Kelingan mulih tanggapan
Turut ndalan bebarengan
Nanging sak iki, amung dadi kenangan
Rikala ndek jaman semana
Aku kowe ngrerujit nuwuhke tresna
Ning ngapa malah kesandung rubeda
Kowe malah sumanding wong liya
Rikala ndek jaman semana
Aku kowe ngrerujit nuwuhke tresna
Ning ngapa malah kesandung rubeda
Kowe malah sumanding wong liya
Kowe malah, sumanding wong liya