Lirik Safira Inema – Wijining Tresna

Ingsun tansah karasa kangen
Marang sira ingkang sun remen
Esemmu kang manis tansah ginawe ayem
Bungah sun nyandhang wewuyung

Sumebyar e lintang kang mahesi wengi
Ngilengke marang sira duh kang mas
Ugi rembulan melu nyekseni
Rasa kangen e ati

Wong bagus mbok ojo sumelang
Jujur mung sira kang tansah sun sayang
Asma endah mu sun ukir sak jroning lathi
Tresnaku kang sawiji

Lamlaman esemmu wong bagus
Kang tansah sumandhing ana kalbu
Wong bagus tulung reksa rasa atimu
Dadya lelabuh tresnaku

Liwat ana sumilir angin wengi
Tak titipke layang kangen rasane ati
Sira sun angen-angen rina lan wengi
Mugya langeng tumeka pati
Ohh…

Wong bagus mbok ojo sumelang
Jujur mung sira kang tansah sun sayang
Asma endah mu sun ukir sak jroning lathi
Tresnaku kang sawiji

Yen tak sawang cahyane rembulan
Kang endah nalika sinawang
Sira sing tak eman-eman saben dina sun gadang
Mugya bisa bebarengan

Wawuyung ing prana hangrasa bahagia
Nalika sira peparing warta
Sun bakal rumeksa mring kahanan tresna
Ngen kangenku amung mring handika

Wong bagus mbok ojo sumelang
Jujur mung sira kang tansah sun sayang
Asma endah mu sun ukir sak jroning lathi
Tresnaku kang sawiji

Wong bagus mbok ojo sumelang
Jujur mung sira kang tansah sun sayang
Asma endah mu sun ukir sak jroning lathi
Tresnaku kang sawiji

Ya mung sira wong kang sun tresnani

Leave a Comment

Your email address will not be published. Required fields are marked *

Scroll to Top