Durung nganti garing
Tatu sing ning atiku
Tego-tegone sliramu
Nambahi loro batinku
Aku ora percoyo
Nanging kabeh iki nyoto
Cetho ning ngarepe moto
Yen sliramu kuwi cidro
Panas-panase srengenge kuwi
Kang nguliti awak iki
Nanging sih panas rasaning ati
Nyawang kedadean iki
Lungo, awakku sing kudu lungo
Timbang batinku leloro-loro
Ra bakal awakku iki
Bali nemoni sliramu
Lilo, awakku iki wis lilo
Senajan loro neng jero dodo
Yen pancene uwis nasibku
Kudu pisahan karo awakmu


