Slagane retno pengasih
Yen ngendiko sarwo lirih
Senadyan amung prasojo
Nanging biso nuju prono
Senadyan amerak ati
Tanduk ruruh tan mboseni
Keh prio podho kepranan
Enggar-enggar mring katresnan
Eman eman duh ing mulyo
Pancen dino trus tumlawung
Retno nggunung tanpo guno
Jroning gandrung trus ambarung
Kedlewer luh ing panderek
Yo ben biso pilih asih
Mestine retno pengasih
Pasrah mring kang moho luwih